Humor Jawa Lucu - Pak Imam Shalat yang Gagal Paham

Baleni...Baleni...


aku nduwe cerito, kejadiane jaman aku lagi ngangsu kawruh nang pondok hidayatullah sleman, ngayogyokarto hadiningrat. wektu iku bar magrib aku metu pondok arep tilik salah sawijing pembimbing, kang syarif nang deso mbulus garwane lairan anak pertama. deso mbulus sisihan karo pondok mung dipisah karo kali mboyong.

sampek kono lumrahe tamu yo di sugati teh karo nyamikan. disambi crito ngidul ngulon. ora kroso lamat lamat krungu adan solat ngisak, bubar sek jagongane. mangkat masjid ngisakan jamaah. biasa masjid nang ndeso antarane adzan lan iqamah ono sholawatane. let 10 menitan iqamat. pak imam maju mimpin sholat. moco quran dilagokke koyo nggending dandanggula. yen nglewati huruf ع diwoco nga. Ora masalah pancen adate, senajan ra bener.
pas rakaat kapindo pak imam lali njur kleru. kudune dewek e lungguh tahiyyat awal malah ngadek. jama'ah ngelingne termasuk aku kanthi ngucap tasbih" subhanallah!"
pak imame ngerti yen di ilengke banjur bali lungguh. durung sampurno anggone lungguh. jamaah samping tengenku wes sepuh nyeletuk bianterr
" subhanalllah!"
lha...pak imame dibengoki tasbih bali ngadek maneh. jama' ah liyane seng pro tasyahud awwal termasuk aku ora gelem kalah mbengok luwih kenceng
" subhanallaaah!".

simbah sandingku jebule seh ngeyel ganti ngucap" subhanallah!" rikolo imame arep mbaleni lungguh.
byuh..byuh...pak imam jan dadi bingung pitung puteran. badalahe ora nyono ora ngiro, pak imame langsung mbalik awake madep mburi marang makmum banjur ngucap" piye tho..malah padha marai gupuh wae. baleni...baleni..!" langsung "gerrr...."wong sak mesjid ngguyu kabeh termasuk jin jin seng melu jamaah mungkin . aku ngakak nganti mules. seumur urip baru iku aku ngalami imam mbalik awak ing tengahing sholat terus nyeneni makmume. akhire njur dibaleni sholat jama'ahe. jo takon khusyu opo ora? kabeh podho ngempet ngguyu . pikire seng penting nggugurke kewajiban. bar ngucap salam aku langsung colong mlayu methu. ngakak saknemene gass poolll...nganti seprene aku nak kelingan ngguyu.
translet indonya nyusul
nak sempet

Diambil dari status Adik Ane Ihsan Alfaruq

Comments

Popular posts from this blog

Cerita Hot Bu Guru dengan Muridnya

Cerita Hot Bu Guru dengan Muridnya

Cerita Istri Selingkuh Saat Suami Bekerja, Petaka SMS dengan Lawan Jenis